Unsur Intrinsik ing Cerkak Sing Nandur Bakal Ngundhuh

Unsur Intrinsik ing Cerkak Sing Nandur Bakal Ngundhuh

1. Tema
Tema yaiku undering prakara utawa gagasan wigati sajroning crita cerkak
Tema ing cerkak Sing Nandur Bakal Ngundhuh yaiku Budi pekerti
Bukti : Cerkak iku nyritakake tumindhak tetulung marang wong sing luwih butuhake.
Bu Umi ikhlas nulungh bocah sing nangis ing pasar senajan deweke ora kenal karo bcah kasebut. Lan bu Nurul nalika ibu saka bocah mau mbiyantu bayar sekolahe Ilham kanggo bales budi karo bu Umi sing wis nulung anakke.


2. Alur (Plot)
Alur yaiku urutaning kadadean ing crita
Alur ing cerkak Sing Nandur Bakal Ngundhuh yaiku maju, amarga cerkak iku alur ceritane runtut saka awal kanthi akhir

Peranganing alur crita antarane

§ Pengenalan kahanan crita
Esuk iki langit katon isih peteng, pendhut kendel banget, lan hawane uga adhem banget. Nanging, kuwi kabeh ora nyuda kekarepane Bu Umi kanggo dodol puhung menyang pasar. Senajan gawean iku abot, nanging bu Umi ora tau nggresula. Bu Umi saiki mung urip karo putrane sing isih kelas 1 SMP. Kwi uga dadi pawadan Ilham, putrane Bu Umi, luwih milih urip melu ibune. (paragraf 1)

§ Panjlentrehan kadadean
Wektu iki ilham lagi butuh bayaran kanggo tuku buku lan seragam anyar. (paragraf 3)

§ Nuju ana ing konflik
Bu Umi wis siap-siap ngukuti dagangane amarga wis jam sanga esuk. Nanging, Bu Umi mandheg sedhela amarga ana bocah cilik sing nangis neng ngarepe. Bu Umi banjur nyedhaki bocah kuwi mau. Sawise bocah iku meneng nangise, Bu Umi banjur tuku permen sanajan regane larang. Bu Umi ora tega karo bocah sing lagi nangis kuwi. Ing tengah pasar Bu Umi ngerti ibu-ibu sing katon bingung. Bu Nurul, ngono asmane ibu-ibu kuwi, langsung nggendhong anake kuwi mau sing wis ora nangis. (paragraf 4 lan paragraf 5)

§ Pucuk Konflik
Esuk-esuk Ilham arep mangkat sekolah, nanging atine tansah susah amarga durung bisa mbayar buku lan seragam.(Paragraf 9)

§ Rerampungan
Nalika bali sekolah, Ilham dikon menyang kantor TU kanggo nemoni Bu Nurul. Amarga durung ngerti apa pawadane dheweke diceluk menyang TU, atine Ilham dadi dheg-dhegan.Banjur diterangake yen bayarane arep dilunasi Bu Nurul kanggo wujud matur nuwune marang ibune Ilham.Ilham seneng banget lan njaluk ijin arep matur marang ibune dhisik.(Paragraf 13)


3. Latar
Latar yaiku katrangan ngenani papan panggonan, wektu, lan swasana utawa kahanan sajroning crita
Latar ing cerkak Sing Nandur Bakal Ngundhuh yaiku


* Panggonan

· Pasar
Bukti : 
- Bu Umi wis siap-siap ngukuti dagangane amarga wis jam sanga esuk.(Paragraf 3)
- Ing tengah pasar Bu Umi ngerti ibu-ibu sing katon bingung.Bu Umi marani ibu-ibu mau.(Paragraf 4)

· Sekolah
Bukti : 
- Nalika wayah ngaso,Ilham menyang perpustakaan ing sekolahe.(Paragraf 10)
- Bu Nurul banjur menyang kantor tata usaha (TU) kanggo nemoni Bu Nurul.(Paragraf 12)

* Wektu

· Esuk
Bukti : 
- Esuk ikin langite katon isih peteng ,pedhute kandel banget,lan hawane uga adem banget.(Paragraf 1)
- Esuk-esuk Ilham arep mangkat sekolah,nanging atine tansah susah amarga durung bisa mbayar buku lan seragam.(Paragraf 9)


* Suasana:
· Bingung
Bukti : Ing tengah pasar Bu.Umi ngerti ibu-ibu sing katon bingung.(paragraf 4)

· Tegang
Bukti : Amarga durung ngerti apa pawadene dheweke menyna TU,atine Ilham dadi dheg-dhegan.(paragraf 13)

· Seneng
Bukti : Ilham seneng banget lan njaluk idzin arep matur marang ibune dhisik.(paragraf 13)

· Terharu
Bukti : ”Raos syukurkonjuk Gusti,menawi kados mekaten,kula ngaturaken matur nuwun sanget awit bebyngah punika,Bu”Wangsulane Bu Umi sinambi mbrebes mili. ( paragraf 14)



4. Penokohan
Penokohan yaiku cara penulisan utawa penganggit nerangake watak lan para paraga
Penokohan sing ono ing cerkak Sing Nandur Bakal Ngundhuh yaiku

· Bu Umi (Protagonis)
- Sabar
Sanajan gaweane iku abot, nanging ora nyuda kekarepane Bu Umi kanggo dodol pohung menyang pasar. (paragraf 1)
- Seneng Tetulung
Bu Umi ngewangi bocah sing nangis mau nggoleki ibune. (paragraf 3 lan paragraf 4)

· Ilham (Protagonis)
- Sregep
Ilham saben dina ngrewangi ibune nggawa dagangan menyang pasar (paragraf 2)
- Pangerten
Ilham ora nggresula karo Bu Umi yen ora diwenehi duwit kanggo bayar buku lan seragam (paragraf 9)
- Pinter
“Inggih Bu, ananging punika ugi kangge bebungah Ilham amargi sampun dados juwara setunggal ing sekolah punika. (paragraf 14)

· Bu Nurul (protagonis)
- Seneng tetulungBu Nurul mbiyantu nglunasi buku lan seragame Ilham

· Anake Bu Nurul ( Tritagonis)
- NangisanBocah kuwi nangis terus wektu ing pasar nggoleki ibuke


5. Sudhut Pandhang
Sudhut pandang yaiku posisi pagripta nglungguhake paraga punjer ing critae
Sudhut pandhang ing cerkak Sing Nandur Bakal Ngundhuh yaiku Posisi pangcipta dadi wong katelu
Bukti : ing cerkak “Sing Nandur Bakal Ngunduh” pangcipta ngunakake jeneng ing wong.


6. Amanat
Amanat yaiku ajaran moral utawa pesen dhidhaktis kang bakal diandharakeutawa dijlentrehake penganggit marang wong kang maca.
Amanate cerkak Sing Nandur Bakal Ngundhuh yaiku yen arep tumindhak kudu ngati-ngati amarga apa sing dilakoni iku mesti bakal ana walesane kaya sing di tindakake.


7. Gaya Bahasa
Gaya bahasa yaiku basa ing sajroning crita nduweni kagunan kanggo nyiptakake kahanan persuasif lan ngrumusake dhialog kang bisa ngetokake hubungan lan interaksi paraga siji lan sijine
Gaya bahasa sing digunakake ing cerkak yaiku Eufimisme.
Eufimisme yaiku unen-unen kang surasa basane luwih alus (tembung rinengga)

Bukti :
“Bu Umi,kula badhe nyuwun pirsa menapa kula angsal mbiyantu pnjenengan anggenipun mbayar buku lan sragamipun Ilham? Menika kangge wujud matur nuwun kula dhateng panjenengan ingkang sampun mbiyantunjagi anak kula nalika wonten peken,“ pitakone Bu Nurul kanthi alus supaya ora nglarani atine Bu Umi.

8. Irah-irahan
Irah-irahan yaiku jeneng kang digunakake kanggo nglumantarakekanthi ringkes isi utawa maksude crita
Irah-irahe cerkak yaiku Sing Nandur Bakal Ngundhuh


9. Nilai-nilai kang kamot sajroning cerkak
a. Nilai Budaya
Esuk-esuk kang langit katon isih peteng Bu Umi wis menyang pasar kanggo dodolan, biasane menyang pasar jam setengah lima isuk

b. Nilai Sosial
· Bu Umi nulung bocah sing nangis ing pasar lan ngewangi bocah mau nggoleki ibune
· Bu Nurul mbiyantu nglunasi bayaran sekolahe Ilham kanggo walesan Bu Umi kang wis nulung      anake ing pasar

c. Nilai Moral
· Bu Umi nulung bocah sing nangis ing pasar kanthi ikhlas, ora njaluk walesan
· Dadi Anak, Ilham saben dina ngrewangi ibune nggawa dagangan menyang pasar

d. Nilai Religius/ Keagamaan
Tumindak sing dilakoni ing donyo iki bakal di wales marang gusti kaya sing di tindakake

e. Nilai pendidikan
· Dadi wong, kudu sabar senajan urip iku abot
· Dadi anak kudu sregep mbiyantu wong tuwa
· Kudu nulung wong sing lagi lagi kesusahan kanthi ikhlas
· Kudu tumindak sing ngati-ati amarga apa sing ditumindake bakal di wales kaya sing ditindakake

f. Nilai Etik
· Ilham ora nesu marang ibune wektu dhuwit kanggo mbayar buku lan seragam durung diwenehi
· Sadurunge sekolah Ilham pamitan lan salim marang ibune

g. Nilai Kemanusiaan
Bu Umi numbaske permen kanggo bocah sing nangis ing pasar amarga ora tega karo bocah sing nangis kuwi terus Bu Umi ngewangi bocah mau nggoleki ibune
Unsur Intrinsik ing Cerkak Sing Nandur Bakal Ngundhuh Unsur Intrinsik ing Cerkak Sing Nandur Bakal Ngundhuh Reviewed by Lilis Mardiana on September 24, 2016 Rating: 5

22 comments:

  1. Makasih kak ^^ sangat membantu buat tugas sekolah

    ReplyDelete
  2. Makasih kak:) sangat membantu untuk mengerjakan PR

    ReplyDelete
    Replies
    1. Senang bisa membantu :) terimakasih telah berkomentar :'>

      Delete
  3. terimakasiiiihhh kaa
    huhu:(terharu nemu yang selengkap ini

    ReplyDelete
  4. Oiya yang sinopsis nya mana kak?

    ReplyDelete
    Replies
    1. Untuk sinopsisnya nggak aku cantumin. Bisa cari di referensi blog lain ya :)

      Delete
  5. Makasih kak! Ini sangat membantu. Sukses terus buat kakanya_^

    ReplyDelete
    Replies
    1. Makasih kembali, semangat terus ya harus sukses juga^^

      Delete
  6. Makasih coiiiiiiiii

    ReplyDelete

Berkomentar itu memang sulit :" Terima Kasih!

loading...
Powered by Blogger.