Unsur Intrinsik Kumandanging Katresnan Dalam Bahasa Jawa


Unsur Intrinsik Novel “Kumandanging Katresnan” Dening Any Asmara

1)       Tema
Tema Novel Kumandanging Katresnan yaiku novel kang nduweni Tema Katresnanan sing dialami R. Sukmana(R.S Ranuasmara).
2)       Tokoh
  •  R. S Ranuasmara
Nduweni watak Tabah, Sifat Juang kang dhuwur, lan Bekti marang wong tua.
  •  R.A. Tein Tisnowati
Nduweni watak Kuat,ora gampang nyerah, bekti marang wong tua, lan Sabar.
  • R.B. djajengsubroto
Nduweni watak galak.
  •  Sri Endah wahyuningsih
Nduweni watak Santun lan Patuh marang wong tua.
  •  R. Susilo/Sutrisna
Nduweni watak pangerten lan tresno asih.
  •  R.M Purwodirjo
Nduweni watak antagonis yaiku kasar, ora setya, ora tanggungjawab, lan keras.
  •  R. Ngt. Parto Asmara
Nduweni watak Pangerten marang anakke.
  •  Dedeh Siti Kurniasih
Nduweni watak Narima ing pandhum.
  •  Mang Gandaatmaja
Nduweni watak apikan marang R. Sukmana.
  •  Mbok Darmo
Nduweni watak Apik, seneng geguyon lan Lucu.
  •  Pak Joto
Nduweni watak setya.
3)  Alur
Alur Campuran amarga nerangake babagan macem-macem cerita, pirang-pirang alur maju lan mundur.
Bukti :
Alur Mundur :
R.S Ranuasmara nyeritakake marang Sri Endah Wahyuningsih babagan nom-nomanne R. Sukmana lan R.A Tien Tisnowati sing nduweni rasa katresnanan marang siji lan sijine, ananging bapak R.A Tien Tisnowati ora menehi restu marang hubungan R. Sukmana lan R.A Tien Tisnowati.
R.A Tien Tisnowati dijodohke karo R.M Purwodirjo lan nduweni anak jenenge Sri Endah Wahyuningsih, dene R.S Sukmana pepasangan karo Dede Siti Kurniasih lan nduweni putra jenenge Sutrisno.
Alur Maju :
Sakwise R.S Ranuasmara seda bareng 40 dina Sri Wahyu Ningsih pepasangan kalehan R. Susilo.
4)  Latar
  •  Latar Panggonan
a           Kampung Tamtaman
Bukti : 
“Daleme ana Kampung Tamtaman, isih darahing priyayi luhur turun ningrat.”
b           Yogyakarta
Bukti : 
“Sakbanjure ibune menehi restu sukmana mangkat menyang  jogjakarta sekolah gambar, ...”
c           Rumah Sakit
Bukti : 
“Nanging sukmana enggal-enggal digowo menyang rumah sakit.”
d          Bandung
Bukti : 
“Bareng sukmana wes lulus kuliahe sukmana banjur menyang bandung kang manggon ana omahe ....”
e           Kamare Raden Sukmana
Bukti : 
“Kayak ngopo kagete bareng mlebu anakke mau,weruh R. Sukmana wes adus getih raine.”
f            Omahe Mang Gandaatmaja Ing Bandung
Bukti : 
“Bareng Sukmana wis lulus kuliahe Sukmana banjur menyang Bandung kang manggon ana omahe Mang Gandaatmaja.”
g           Sarangan daerah Karanganyar
Bukti : 
“Pas R.Sukmana menyang Sarangan, daerah Karanganyar Sukmana ketemu, Sukmana kaget amarga R.A Tien Tisnowati awake katon rusak.”
h           Malang
Bukti :
R.A Tien Tisnowati sida dadi tematen karo R.M Purwodirjo ing dinten Kamis Pon ing Malang.”
i             Rumah Sakit
Bukti : 
”Nganti sewulan R. Sukmana kapeksa teturunan ana Rumah Sakit.”
j             Kamar Mandi
Bukti : 
“Terus mlayu marang Kamar Mandi.”
  •  Latar Waktu
a.         Dinten Kamis Pon
Bukti : 
“R.A Tien Tisnowati sida dadi tematen karo R.M Purwodirjoing dinten Kamis Pon ing Malang.”
b.         Esuk
Bukti : 
"R. Susilo atine bungah banjur mlumpat nyaut anduk lan gosok gigi, terus mlayu marang kamar mandi Rr Sri Endah Wahyuningsih mung nyawang karo mesem”
c.         Wayah Sore
Bukti : 
“Wayah Sore, nalika semono R. Ngt. Parto Asmara asmane ibune R. Sukmana lagi batik ana buri.”
d.        Sewulan
Bukti : 
”Nganti sewulan R. Sukmana kapeksa teturunan ana Rumah Sakit.”
e.         Setengah Tahun
Bukti : 
“Tutug anggone jejodohan nalika Sutrisna lagi umur setengah tahun.”
f.          Pitung Dina
Bukti : 
“ Bubar mitung dinani kahanan ing omah kono nembe katon bali ayem tentrem meneh.”
g.         40 Dina
Bukti : 
“Bareng 40 dina mendiang Bapake Susilo karo Sri Endah Wahyuningsih dadi pepasangan.”
h.         3 Sasi
Bukti : 
“Sri Endah Wahyuningsih kang sakiki wis dadi garwane nembe oleh 3 Sasi.”
  •   Latar Suasana
a.         Sedih
Bukti :
1.      “ Dadah Kurniasih banjur tinggal donya, merga lara disentri”
2.      “Katon sedih banget krungu cerita sing nrenyuhake melu ngetokake luhe”
3.      “Trenyuh kelingan menjdang lelako kang wis kelakon kang nyedihake ati”
4.      “Mung Rr Sri Endah Wahyuningsih iseh katon sedih, awake lungkrah, weruh kaya mangkono mau R Susila banjur ngipur”
b.         Kaget
Bukti:
1.    “Kaget krungu suwara mak kemompyang binarenganlah swaraning barang anteb tiba pernahe ana kamare Sukmana, R.Ngt partoasmara ora kepenak atine banjur enggal-enggal mlayoni”
2.    “Sri Endah Wahyuningsih  jerit ngrangkul R.S Ranuasmara...”

c.         Bungah
Bukti :
       “R. Susilo atine bungah banjur mlumpat nyaut anduk lan gosok gigi, trus mlayu menyang kamar mandi Rr Sri Endah Wahyuningsih mung nyawang karo mesem.”
5)   Sudhut Pandang
Wong ketelu amargo nggunakake jenenging wong.
Bukti :
“Ana sawijining dina nomnoman jenenge R. Sukmana umure 19 tahun, murid M.U.L.O duwe kanca jenenge R.A Tien Tisnowati putri sala asli, putrane R.B. Djajengsubroto pensiunan Wedana Bajalali.”
6)   Gaya Bahasa
Gaya Bahasa kang digunakake yaiku:
  •  Hiperbola
Donya banjur dadi katon peteng lelimengan bumi kaya gonjang ganjing awake krasa lemes lan samplah, wasana saking sedihe nganti nangis.
  •  Pepindhan
Ubenging donya kaya cakra menggilingan mubeng terus ana esuk ana sore, ana awan ana bengi, ana minggu ana sasi ana sasi ana taun, terus mubeng ora leren.
  •  Dwi Lingga Semu
Gilang-gilang
Ceplok-ceplok
Deleg-deleg
  •  Dwi Linga Padha Swara
Enggal-enggal
Uwis-uwis
Obah-obah
  • Seselan
Guyu = Gumuyu
7)   Amanat
Pesen sing arep disampekke penulis ing cerito iki yaiku:
  •  Kabeh sesuatu kui mbutuhke pengorbanan.
  •  Aja ngece marang wong ora duwe. Iso bae wong sing diece bakal sukses tembe mburine.
  •  Manungsa bisa ngerencana, berharap lan berusaha kanthi tenanan nanging kabeh kui ditentokke marang sing kuasa.
  •  Dadi wong kudu sabar.
  •  Dadi wong kudu setya marang garwane.
Unsur Intrinsik Kumandanging Katresnan Dalam Bahasa Jawa Unsur Intrinsik Kumandanging Katresnan Dalam Bahasa Jawa Reviewed by Lilis Mardiana on September 26, 2017 Rating: 5

24 comments:

  1. Wahhh ngebantu banget, terima kasih

    ReplyDelete
    Replies
    1. Senangnya bisa membantu,,,, btw Terimakasih telah berkunjung...

      Delete
  2. Apa isi dari cerita tersebut?

    ReplyDelete
    Replies
    1. Maaf ini cuma membahas unsur intrinsik aja tidak sampai ke pembahasan isi cerita. Terima kasih sebelumnya :))

      Delete
  3. Replies
    1. Maaf ya selama nggak ada di tulisan di atas berarti nggak aku cari 😶👍 yok bisa yok cari sendiri 👍

      Delete

Berkomentar itu memang sulit :" Terima Kasih!

loading...
Powered by Blogger.