Contoh Teks Deskripsi KEBAYA dalam Bahasa Jawa beserta strukturnya


KEBAYA
Identifikasi
Kebaya yaiku blus tradisional kang di enggo wong wadon ing Indonesia. Kebaya digawe saka bahan kang tipis lan biyasane dienggo karo sarung slendhang, Jarik utawa Bathik. Kebaya uga kena dienggo karo songket lan klambi tradhisional liyane. Kebaya asale saka tembung arab abaya kang tegese kebaya sandhang. Sadurunge taun 1600 ing Pulo Jawa, kebaya mung dienggo karo  kaluwarga krajan. Ing jaman jajahan Belanda wong Eropa banjur nganggo kebaya. Kebaya dadi klambi resmi. Kebaya banjur di variasi bentuk lan motife, ana kang nganggo kain sutra, nganggo sulaman werna-werna. Saiki kebaya uga dhimodifikasi karo rok lan clana jean. Kebaya uga nduweni model kang werna-werna. Ana kang simetris lan asimetris. Kebaya dimodifikasi karo payet,bordiran, lan renda-renda. Saben dhaerah ing Indonesia nduweni kebaya khas dhewe dhewe kayata Kebaya Jawa, Kebaya Bali, lan liyan-liyane.
Klasifikasi
Kebaya Jawa kaperang dadi 2 yaiku Kebaya Solo lan Kebaya Yogyakarta. Dene kebaya iku uga ana kebaya jenise tradhisional lan modern. Kebaya Solo lan Kebaya Yogyakarta nduweni ciri kang dadi pambeda yaiku ing bagean kerah. Ing Kebaya Solo nduweni kerah kotak (kutu baru) dene kebaya Yogyakarta nduweni kerah bentuk V. Kebaya tradhisional inggih punika kebaya kang nduweni model klasik utawa durung ana modhifikasi lan nduweni kesan sederhana. Dene Kebaya Modern inggih punika kebaya kang wis ngalami perkembangan jaman saiki lan nduweni model maneka warna.
Deskripsi Bagean
Kerah Bentuk Kotak (Kutu Baru)

Kebaya Solo
Kerah bentuk V
Kebaya Yogykarta
Model kebaya tradisinonal nduweni bentuk klasik lan sederhana
Kebaya Tradisional
Model Kebaya modern nduweni bentuk kang wis di modifiksi ngikuti perkembangan jaman.
Kebaya Modern

Kebaya nduweni lengen kang dawa, biyasane dienggo karo ngisoran kang dawa. Kebaya iku sandhangan kang khusus dienggo wong wdon. Kebaya biyasane dienggo ing acara resmi kayata ngantenan, resepsi, kartinian, lan acara acara penyambutan tamu agung. Kebaya biasane dipasangake kro jarik utawa kain kang mblebet awak. Kain iku nggawe wanita sing nganggo kagelan anggone mlaku. Iku sebabe wanita jawa identik karo pribadhi kang lemah lembut. Kanggo wanita Jawa, kebaya ora namung sewates busana. Ananging, kebaya uga nduweni filosofi nilai nilai panguripan. Wujud busana kang sederhana bisa dadi wujud kasederhanaan masyarakat Indonesia. Nilai filosofi kebaya yaiku wujud kepatuhan, kealusan, lang unggah-ungguh serta budi pekerti luhur wanita ingkang sae.
Contoh Teks Deskripsi KEBAYA dalam Bahasa Jawa beserta strukturnya Contoh Teks Deskripsi KEBAYA dalam Bahasa Jawa beserta strukturnya Reviewed by Lilis Mardiana on December 17, 2018 Rating: 5

5 comments:

  1. Matur suwun amargi blog e jenengan Kula saged mangertosi sak temene

    ReplyDelete
    Replies
    1. Nggih sami sami :')... senang bisa membantu, terimakasih telah berkomentar \('v')/

      Delete
  2. Matur sembah suwun tugase kulo sampun rampuungg

    ReplyDelete

Berkomentar itu memang sulit :" Terima Kasih!

loading...
Powered by Blogger.